Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Dadi Perkara! Pambongkaran Makam Syeh neng Bodag Kabupaten Madiun Resmi Dilapurake Pulisi

Satmiko Supraptono • Kamis, 31 Oktober 2024 | 23:00 WIB
ORA TRIMA: Satreskrim Polres Madiun nampa lapuran saka warga Desa Bodag, Kecamatan  Kare, bab pambongkaran makam. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
ORA TRIMA: Satreskrim Polres Madiun nampa lapuran saka warga Desa Bodag, Kecamatan Kare, bab pambongkaran makam. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Buntute aksi bongkar makam ing Desa Bodag, Kecamatan Kare, Kabupaten Madiun, dawa.

Minggu (27/10) kepungkur, anggota komunitas Perjuangan Wali Songo Laskar Sabilillah (PWI LS) mbongkar makam kuna kuwi.  

Wagiyo, sing duwe lahan panggonan kuburan kang dipercaya minangka makam kuna (makam ulama) kuwi ora trima.

Dikancani ketua RT lan kepala desa kene, Wagiyo nglapurake aksi pambongkaran iki menyang Mapolres Madiun, Selasa (29/10).

Sutopo, warga kene sing uga sedulure Wagiyo ngonfirmasi bab lapuran iki. Miturut dheweke, Wagiyo nuntut tanggung jawabe PWI LS.

‘’Wis dilapurake, Wagiyo njaluk makam dibalekake meneh kaya sadurunge,’’ kandhane Sutopo wingi (30/10).

Sawetara Kasatreskrim Polres Madiun AKP Agus Andi Anto uga kandha yen wis nampa lapuran kuwi.

Yakuwi bab aksi pambongkaran makam telu sing diduga palsu. Pihake janji bakal nindakake penyelidikan

Diwiwti kanthi pamreksaan tempat kejadian perkara (TKP) nganti nyeluk pihak-pihak sing nindakake aksi pambongkaran. 

Makam telu kuwi dipercaya minangka kuburane Syeh Maulana Abdullah, Habib Abdullah Al Idrus lan Abu Bakar Al Hizasi.

Babagan anane dugaan tindak pidana, pihake lagi bisa nyimpulake sawise mreksa saksi-saksi sing dibutuhake.

‘’Kita uga bakal njupuk  langkah mediasi marang pihak-pihak sing ana sesambungane karo kadean kuwi,’’ kandhane.

Diwartakake sadurunge, PWI LS mbongkar makam kanthi alesan nglurusake sejarah sing diduga dienggokake.

PWI LS mbiji makam cacah telu kuwi palsu utawa ora ana mayite lan ora cetha sejarahe saengga nyesatake umat.

Anggota komunitas iki banjur mbongkar makam, nyoplok plang, ngrusak maesan lan ngobong kain panutup makam.

Kanggo kweruh, makam sing dawane pitung meter iki kerep dijiarahi masyarakat utawa wis dadi objek wisata religi. (ryu/aan)

Editor : Satmiko Supraptono
#wali songo #bongkar #ulama #makam #Kasatreskrim #kabupaten #madiun #polres #kepala desa #bodag