SOLO, Jawa Pos Radar Madiun - Rel layang Simpang Joglo Kota Solo wis diliwati kereta api (KA) reguler wiwit Rebo (30/10).
PT Kereta Api Indonesia (KAI) Daop 6 Yogyakarta lan Ditjenka Kemenhub uga wis nindakake switch over.
Yakuwi ngalihake Jalur Ganda Solo-Semarang (JGSS) Fase I kanggo ndhukung operasional jalur KA anyar iki.
Manager Humas KAI Daop 6 Yogyakarta Krisbiyantoro ngonfirmasi bab iki Kemis (31/10) wingi.
Miturut dheweke, switch over JGSS Fase I iki ing antarane pendinasan lan persinyalan Stasiun Kalioso lan Kadipiro.
‘’Persinyalan ing loro stasiun KA kuwi wektu iki wis nggunakake sistem elektrik,’’ kandhane Krisbiyantoro.
Dheweke ngeklem, yen perubahan persinyalan iki bisa ningkatake faktor kaslametan perjalanan KA.
Jalaran luwih akurat, tersistem, lan mungkinake koordinasi pergerakan perkeretaapian mlaku luwih apik.
Sawise iki pihake uga bakal nindakake switch over jalur ganda antarane Stasiun Kalioso-Kadipiro.
Kanthi switch over iki, jalur ganda Stasiun Kalioso-Kadipiro lan jalur KA elevated Simpang Joglo wis diliwati kereta kasiji.
Jalur ganda iki mengko diterusake menyang arah Semarang. Saengga layanan KA relasi Solo-Semarang bakal ngembang.
Krisbiyantoro uga mesthekake yen jalur KA elevated Simpang Joglo iki wis remis dioperasekake.
Kereta kasiji sing liwat yakuwi KA Bandara Adi Soemarmo relasi Stasiun Solo Balapan-Bandara Adi Soemarmo jam 08.35.
Dheweke nyebutake, pangoperasian iki minangka tindak lanjut uji beban sing wis dileksanakake sadurunge.
Kanthi pangalihan jalur iki pihake ngarep-arep bisa luwih nglancarake arus perjalanan kereta api,
‘’Uga nyuda potensi gangguan sing bisa kadaden ing tembe mburine,’’ Krisbiyantoro mungkasi katernagane. (ul/nik)
Editor : Satmiko Supraptono