Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Wow! Warga Kabupaten Madiun Kasil Nggawa Klub saka Negarane Cristiano Ronaldo Dadi Juara Dunia

Loditya Fernandes • Selasa, 5 November 2024 | 22:30 WIB
BANGGA: Ichsan Rahmat Taufiq lan piala dunia FIFAe World Cup Football Manager 2024. (DOKPRI/ICHSAN RT)
BANGGA: Ichsan Rahmat Taufiq lan piala dunia FIFAe World Cup Football Manager 2024. (DOKPRI/ICHSAN RT)

KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Ichsan Rahmat Taufiq lagi kenal game Football Manager setaun kepungkur.

Kuwi uga ora sengaja. Kawitane saka bonus aplikasi dompet elektronik gratis kira-kira Agustus 2023 kepungkur.

Kawitane uga mung dolanan kanggo ngisi wektu. Nanging game simulasi manajer tim sepak bola kuwi malah ndadekake nyandu.

‘’Nganti akire aku gabung komunitas ing media sosial, Twitter lan Facebook,’’ kandhane Ichsan wingenane (1/11).

Nalika PSSI mbukak seleksi kanggo golek atlet menyang FIFAe World Cup Football Manager 2024, Ichsan kepincut.

Dheweke nekat daftar jalaran duwe motivasi pingin menyang luar negeri uga nyathetake jenenge ing sejarah.

Apameneh dadi juwara ing ajang kapisan biasane bakal tansah dieling-eling ing ajang sateruse.

Bandha nekat pengalaman setaun dolanan jebule wis cukup kanggo nyaingi 300 kontestan liyane.

Saka 300 peserta seleksi sing dianakake PSSI kuwi banjur diperes nganti nyisakake jenenge Ichsan lan Manar Hidayat.

Warga Desa Mojopurno, Kecamatan Wungu, Kabupaten  Madiun, iki nangkring ing peringkat siji.

Saengga diplot dadi manajer, sawetara  Manar sing posisine runner-up dadi asisten manajer.

Dheweke lan Manar banjur dibudalake menyang FIFAe World Cup Football Manager 2024 ing Liverpool, Inggris, September wingi.

Ajang FIFAe World Cup Football Manager 2024 ndadekake kaloro atltet e-Sport wakile Indonesia iki deg-degan.

Jalaran musuhe wakil saka 19 negara gedhe lan saka pirang-pirang benua ing donya sing kabagi ing 20 tim.

Wiwit Inggris, Perancis, Jerman, Spanyol, Korea Selatan, Arab Saudi, India, Malaysia, Peru lan liya-liyane.

Sanajan mangkono, Icksan sing nyambut gawe minangka HRD ing Kimia Farma Trading & Distribution kuwi ora kedher.

Kanthi nggunakake klub Sporting Lisbon, Portugal,  saka asil undian, Icshan bisa dadi juwara grup C.

Ing semifinal, dheweke ngalahake wakil ruan rumah Inggris lan ing final pethuk wakil saka Jerman.

Bisa juwara I sawise ngalahake wakil Jerman Icksan entuk hadiah dhuwit 15.000 Dolar AS lan piala dunia.

Malah sasi ngarep, priya sing lair 2 Juli 1994 kuwi diundang menyang markase klub Sporting Lisbon ing negarane Cristiano Ronaldo.

FIFAe minangka panyelenggara ajang e-Sport tingkat dunia sing masisilitasi peserta menyang klub sing dilatih.

Sawise juwara, Ichsan lan Manar uga diundang Ketua PSSI Erik Tohir. Uga diundang poadcast Raditya Dika.

Malah Mamat Alkatiri,  ing Chanel Sport77 Official, gandhengake Ichsan minangka manager anyar Manchester United (MU).

Kuwi sawise manajer Erik ten Hag dipecat. ‘’Kabeneran aku uga fans MU lan ditulis ing Twitter,’’ Icksan mungkasi katernagane. (odi/aan)

Editor : Satmiko Supraptono
#football manager #portugal #FIFAe #cristiano ronaldo #kabupaten #jerman #madiun #pssi #world cup #Inggris #Game #liverpool