Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | DPRD Kabupaten Magetan Kuwatir Proyek Pembangunan Sirkuit Balap Mangkrak, Piye Solusine?

Aprilita Sari • Senin, 11 November 2024 | 16:00 WIB
INSPEKSI: Komisi A DPRD Magetan nganakake sidak ing proyek pembangunan SBM. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)
INSPEKSI: Komisi A DPRD Magetan nganakake sidak ing proyek pembangunan SBM. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)

MAGETANJawa Pos Radar Madiun – Proyek pembangunan Sirkuit Balap Magetan (SBM) isih terus digarap. 

Sirkuit ing Kecamatan Parang, Kabupaten  Magetan, iki dadi salah siji proyek daerah gedhen ing taun iki.

Proyek iki mbutuhake ragat nganti Rp Rp 30 milyar. Nanging, senajan mung ana anggaran separone, proyek panggah digas.

Kanggo mesthekake garapan proyek iki terus mlaku, Komisi A DPRD Kabupaten Magetan nganakake sidak wingenane  (8/11).

Miturut Ketua Komisi A Gaguk Arif Sujatmiko, iki kanggo mesthekake proyek sing diragati APBD Jawa Timur kasebut lancar.

‘’Kita pingin mesthekake progres proyek iki lan apa bisa rampung miturut target sing ditemtokake,’’ kandhane Gaguk.

Dheweke mbiji, pembangunan sirkuit balap iki minangka bagean saka upaya pamarataan pembangunan ing Magetan.

Kanthi anane sirkuit balap iki, pihake ngarep-arep bisa nyurung ngembange ekonomi lan pariwisata lokal.

‘’Kanthi ndadekake sirkuit balap iki minangka bagean saka konsep sport and tourism,’’ sambunge Gaguk.

Sawetara Sekretaris Komisi A Didik Haryono nambahi yen sidak iki uga kanggo ngantisipasi risiko proyek mangkrak.

Miturut asil hearing antarane legislatif dan dindikpora, anggaran tahap kasiji sirkuit balap iki gedhene Rp 15 milyar.

Sawetara total anggaran sing dibutuhake kira-kira nganti Rp 30 milyar. ‘’Aja nganti seret lan mangkrak,’’ jarene Didik.

Mituran lapuran saka lapangan, progres teknis proyek nganti wektu iki wis ngancik kira-kira  50 persen.

Sawetara sisa wektu pangarapene kira-kira kari 50 dina meneh, yakuwi target rampung ing 22 Desember 2024.

Mula DPRD bakal koordinasi karo pemkab lan bupati kanggo golek solusi minangka upaya pambiayaane.

‘’Supaya sirkuit balap iki mengko bener-bener bisa rampung,’’ Didik mungkasi katerangane. (ril/naz)

Editor : Satmiko Supraptono
#dprd #proyek #magetan #pembangunan #sirkuit balap magetan #kabupaten #pemkab #jawa timur #apbd #komisi a #parang