BOYOLALI, Jawa Pos Radar Madiun – Gunung Merbabu, Kabupaten Boyolali, Jawa Tengah, tansah kajaga kalestarian uga kasakralane.
Saora-orane kagambar ing masyarakat Dusun Timboa, Desa Ngadirojo, Kecamatan Gladagsari, sing tansah duwe kapredulian.
Wujud kapredulian iki diwarisake turun tumurun marang generasi muda. Contone, sasuwene telung dina, 8-10 November 2024.
Masyarakat bebarengan karo komunitas pecinta cagar budaya lan relawan pecinta alam reresik jalur kuna Gunung Merbabu.
Miturut Jarwanto, salah siji warga kene, kagiatan sing nglibatake generasi muda iki wis mlaku wiwit suwe.
Malah nalika sumber air ing kawasan iki pedhot gegara kobong, para generasi muda cancut taliwanda melu ndandani.
‘’Generasi muda dijak ngrumat sumber air, njaga kalestarian alam lan ngrumat situs kuna kanggo warisan anak putu,’’ kandhane.
Ora mung reresik jalur, nanging uga minangka upaya nglestarekake warisan budaya, kususe ing dusun kene.
Para wong tuwa nyiapake sangu panganan lan omben jalaran jalur sing dirumat nanjak uga nguras tenaga.
Ketua Boyolali Heritage Society (BHS) Kusworo Rahardian nambahi yen kagiatan iki uga minangka upaya nglestarekake situs.
‘’Jalur kuna tumuju puncak Gunung Merbabu iki dadi bagean sejarah ing tlatah kene,’’ jarene Kusworo wingi (12/11).
Jalur kuna sing nyambungake struktur teras ing ngisor, saka Diwak nganti Puncak Sarif, iki minangka bagean saka Gunung Merbabu.
Jalur iki uga wis kagambar ing peta lawas taun 1944. Mula BHS perlu nyandhingi masyarakat supaya kagiatan ora nerak kaidah arkeologi.
Kusworo nyurung anane kajian sing komplit tumrape kaanan situs sing rentan karusakan jalaran faktor alam.
Pihake ngare-arep pamengku kawicaksanan menehi wigati kaanane jalur kuna ing Gunung Merbabu alias Gunung Damalung iki.
Restorasi, miturut dheweke, diperlokake kanggo njaga kaunikan lan kaendahan jalur kuna sing kasisa iki.
Kanthi anane upaya palestarian, jalur kuna iki digadhang-gadhang bisa dadi destinasi wisata sejarah lan budaya. (rgl/wa)
Editor : Satmiko Supraptono