Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Mbebayani! Sanajan Proyek Pembangunan Jembatan Sidolaju Meh Rampung, Ngene Katerangane DPUPR Ngawi

Satmiko Supraptono • Jumat, 15 November 2024 | 23:00 WIB
MEH RAMPUNG: Proyek pembangunan jembatan Sidolaju, Kecamatan Widodaren, Kabupaten  Ngawi. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
MEH RAMPUNG: Proyek pembangunan jembatan Sidolaju, Kecamatan Widodaren, Kabupaten Ngawi. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Proyek pembangunan kreteg (jembatan) Sidolaju, Kecamatan Widodaren, Kabupaten Ngawi, meh rampung.  

Nanging, Kepala Desa Sidolaju Karminto malah kuwatir karo kaanane kreteg sing nyabrangi Bengawan Solo iki. 

Jalarane, proyek iki isih nyisakake garapan pangaspalan jalan. ‘’Nanging wis akeh sing ngliwati,’’ kandhane wingi (13/11).

Miturut dheweke, iki perlu diwigatekake pihak pelaksana lan Dinas Pekerjaan Umum dan Perumahan Rakyat (DPUPR) Ngawi.

Dheweke mbiji, kreteg sing ana tengah permukiman iki butuh pangaman ekstra ing sapinggire jembatan.

Kuwi kanggo ngantisipasi babagan sing ora dikepinginake merga wesi pangaman ing kiwa tengene kreteg isih kurang.

Pihake ora pingin nganti ana sing kecemplung Bengawan Solo jalaran akeh bocah cilik sing mlaku-mlaku liwat kono.

‘’Kita njaluk ana tambahan jaring pangaman jembatan, mbuh saka pelaksana utawa DPUPR,’’ sambunge.

Sanajan mangkono, Karminto ngucap sukur jalaran kaanane kreteg iki wis dienteni warga wiwit puluhan taun kepungkur.

Kreteg sing bakal dijenengi Joju (Kerjo-Sidolaju) iki nyambungake Dusun Kerjo lan Dusun Tanon.

Pihake ngarep-arep bisa ningkatake taraf ekonomi masyarakat ing loro dusun sing duwe warga 1.600 jiwa kuwi.

Kreteg iki uga ndadekake akses warga Desa Gembol, Karanganyar lan Desa Karangbanyu, Widodaren, luwih gampang.

Saliyane kuwi uga ndadekake distribusi hasil bumi lan pertanian liyane luwih gampang saengga ekonomi masyarakat ningkat.

Sawetara Kabid Bina Marga DPUPR Ngawi Rachmad Fitrianto uga kandha yen wis entuk wadulan bab iki.

Nanging item jaring pangaman kuwi ora klebu kontrak karo pihak pelaksana saengga pihake ora bisa tumindak luwih adoh.

Dheweke mesthekake nalika PHO (serah-terima) mengko bakal njaluk penyedia kanggo nambahi pangaman.

‘’Nanging kabeh gumantung saka pihak penyedia, sing cetha kita bisane mung njaluk,’’ Rachmat mungkasi katerangane. (sae/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#DPUPR #proyek #pembangunan #jembatan #Bengawan Solo #kabupaten #ngawi #kepala desa #widodaren