PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Udan deres sing nggrujug tlatah Kecamatan Nawangan, Kabupaten Pacitan, nggawa bencana.
Selasa (10/12) isuk, Jembatan Dondong ing Dusun Pagersari, Desa Penggung, pedhot jalaran katerak banjir.
Kreteg iki minangka akses vital sing nyambungake tlatah Desa Penggung lan Desa Jetislor, Nawangan.
Kadadeane nalika udan nggrujug wiwit jam 02.00 kanthi intensitas dhuwur. Saengga debit banyu Kali Dondong ningkat drastis.
Kira-kira jam 06.00 isuk, warga kene nemahi yen jembatan wis rusak nemen jalaran kagerus iline banyu kang banter banget.
‘’Udane deres lan suwe, miline banyu kali uga banter banget,’’ kandhane Kapolsek Nawangan Ipda Yuyun Krisdiantoro.
Sawetara, jalur sing nyambungake desa loro kuwi ditutup lan lalu lintas dialihake menyang jalur alternatif.
Pihake bareng perangkat Pemerintah Kecamatan Nawangan lan Pemerintah Desa Penggung wis tumindak.
Tim gabungan wis nekani lokasi bencana, koordinasi, lan meling marang warga supaya tansah waspada lan ati-ati.
Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) Kabupaten Pacitan uga menehi wigati babagan bencana sing kerep kadaden kari-keri iki.
Liwat pusat pengendalian operasi (pusdalops), BPBD wis ngetokake peringatan sing ana gandhengane karo kondisi cuaca.
Udan sedhengan nganti deres dibarengi bledheg lan angin gedhe isih bakal kadaden ing pirang-pirang tlatah, klebu Nawangan.
BPBD uga ngelingake kanggo tlatah kecamatan liya sing duwe potensi kena dampak bencana hidrometeorologi.
Wiwit Donorojo, Pringkuku, Punung, Kebonagung, Arjosari, Bandar, Tegalombo, Tulakan, Ngadirojo, nganti Sudimoro.
Warga uga dijaulk tansa waspada lan ati-ati anane potensi bencana susulan, kaya banjir lan longsor. (hyo/sat)
Editor : Satmiko Supraptono