PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun — Puluhan aktivis Pergerakan Mahasiswa Islam Indonesia (PMII) Cabang Pacitan unjuk rasa wingi (13/12).
Dinas Pariwisata, Kebudayaan, Pemuda, dan Olahraga (Disparbudpora) Kabupaten Pacitan, sing dadi sasarane para mahasiswa iki.
Para mahasiswa nyoroti sektor pariwisata sing dianggep gagal nggayuh target pendapatan asli daerah (PAD) telung taun keri iki.
Ketua PC PMII Pacitan Al Ahmadi mbiji disparbudpora ora becus ngelola potensi pariwisata sing gedhe banget.
Parencanaan lan pangelolaan uga dibiji ora mateng. Saengga tingkat kunjungan wisatawan mudhun semono uga target PAD.
Dheweke nuding yen kaanan telung taun keri iki minangka bukti manajemen gagal, dudu jalaran pageblug Covid-19.
Miturut dheweke aksesibilitas sing ala, kabersihan kurang, lan sarana pandhukung minim saengga wisatawan kapok.
Apameneh kaanane wisata Pacitan iki uga disaruwe (dikomentari) artis Raffi Ahmad jalaran palayanan sing ora apik.
‘’Pemerintah daerah kudu enggal tangi. Yen ora, kita bakal terus kelangan potensi sing gedhe,’’ orasine Ahmad Ihsan.
Ing aksine kuwi, PMII uga nuntut Kepala Disparbudpora Pacitan Turmudi supaya mundur saka jabatane.
Kuwi yen ora saguh nggayuh target PAD sektor pariwisata sing wis ditemtokake nganti akir taun 2024 iki.
Nanggepi aksi para mahasiswa kuwi, Turmudi kandha yen pihake nampa kritik lan masukan kanggo bahan evaluasi.
Dheweke uga nyatakake siap mundur yen ora saguh nuduhake performa sing cocog karo sing digadhang-gadhang.
‘’Yen ora bisa nggayuh target sing wis ditemtokake, akus siap dievaluasi pimpinan nganti dimutasi,’’ janjine Turmudi.
Menurut dheweke, faktor cuaca ekstrem lan akses dalan sing kurang patut dadi tantangan kanggo narik wisatawan.
Dheweke ora selak yen ana destinasi wisata sing kurang optimal. Mula bakal dievaluasi lan didandani ing 2025. (hyo/sat)
Editor : Satmiko Supraptono