Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Masjid Raya Sheikh Zayed lan Solo Safari, Destinasi Favorit Jujugan Wisatawan ing Kota Solo

Satmiko Supraptono • Minggu, 15 Desember 2024 | 22:00 WIB
ILUSTRASI: Masjid Raya Sheikh Zayed dadi salah siji jujugan favorit wisatawan ing Kota Solo. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
ILUSTRASI: Masjid Raya Sheikh Zayed dadi salah siji jujugan favorit wisatawan ing Kota Solo. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Kota Surakarta siap mapag momen Natal lan taun baru (Nataru).

Jalarane instansi sing ngurusi babagan plesiran iki optimistis tingkat kunjungan wisatawan 2024 bakal ngluwihi taun wingi.

Mula potensi momen Nataru bakal digunakake kanggo  ndhongkrak sektor pariwisata ing Kota Bengawan iki.

Disbudpar nyathet, nganti Oktober 2024 (10 wulan), ana 4.539.116 wisatawan sing plesiran menyang Kota Solo.

Wisatawan nusantara (wisnu) utawa domestik cacahe 4.515.514 wong lan 23.602 wisatawan mancanegara (wisman).

Sawetara sadawane 2023 (12 wulan), total ana 5.541.700 wisatawan. Kaperang 5.519.581 wisnu lan 22.119 wisman.

Saengga taun iki proyeksine ngluwihi angka 2023, jalaran data November lan Desember durung kaetung.

Kabid Destinasi dan Pemasaran Pariwisata Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Kota Surakarta Gembong Hadi ngonfirmasi.

‘’Pura Mangkunegaran, Masjid Raya Sheikh Zayed, lan Solo Safari isih dadi destinasi favorit,’’ kandhane Selasa (10/12).

Kanggo ngadhepi momen Nataru, pihake meling para pangelola objek wisata nganyarake program lan luwih inovatif.

‘’Objek wisata sing ditangani pemkot kita maksimalake kanthi pirang-pirang pambaruan lan babagan anyar,’’ kandhane.

Sawetara Kepala Disbudpar Kota Surakarta Aryo Widyandoko, ngejak masyarakat nikmati ragam wisata Kota Solo.

Wiwit wisata budaya, sejarah, nganti kuliner. Dheweke mesthekake destinasi wisata unggulan Solo panggah bukak ing Nataru.

‘’Museum-museum uga bakal nglayani para pengunjung kaya biasane, kabeh objek wisata tetep bukak,’’ jarene.

Kanthi persiapan sing mateng lan maneka inovasi, dheweke optimistis momen Nataru bisa nyithak sejarah tingkat kunjungan wisata. (ves/nik)

Editor : Satmiko Supraptono
#Nataru #solo #kebudayaan #Pariwisata #Masjid Raya Sheikh Zayed #Solo Safari #madiun