PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Para nelayan ing tlatah Kabupaten Pacitan kapeksa kudu leren sawetara.
Jalarane kaanane Segara Kidul (Samudera Hindia) lagi ora apik-apik wae. Malah ombake nganti limang meter.
Kananan iki kagambar ing Pelabuhan Tamperan, Pacitan. Atusan perahu nelayan disandarake ing dermaga.
Sawetara aktivitas bongkar-muat iwak sepi mamring. Mung swara ombak sing kerep ngantem tembok dermaga.
Cuaca ekstrem ing perairan Segara Kidul Jawa meksa para nelayan kudu leren golek napkah ing laut sawetara .
Pramono, salah siji nelayan asal Cilacap, Jawa Tengah, sing wis manggon ing Pacitan limang taun iki, contone.
Dheweke mung bisa thenguk-thenguk ing prahu jukunge sing cilik. Praupane katon susah tanpa ana sumgringahe.
‘’Pirang-pirang dina ora bisa menyang laut. Ombake gedhe banget, nganti limang meter,’’ kandhane wingi (13/12).
Pramono ora dhewekan, atusan kapal slerek saka Cilacap uga milih golek slamet kanthi leren ing Teluk Pacitan.
Sanajan kaananan iki ngantem ekonomine, nanging leren saka aktivitas neng laut iki minangka upaya golek slamet.
Sanajan kecepit kaanan, para nelayan isih duwe pangare-arep. Yakuwi ombal gedhe ing Segara Kidul mesthi bakal lerem.
‘’Iki resikone nelayan. Mengko yen badai wis lerem kita bali menyang laut meneh, berjuang kanggo kulawarga,’’ tuture.
Sawetara Bripka Rudi Dwi Paryanto, anggota Pos Keamanan Laut Terpadu (Kamladu), meling pentinge tansah waspada.
Jalaran, sambunge, miturut prediksine BMKG badai ing Segara Kidul isih bakal ana nganti pirang-pirang dina mangarep.
Mula saka kuwi, pihake meling marang para nelayan supaya mantau informasi cuaca sadurunge bali menyang laut.
Miturut Rudi, ombak gedhe resikone uga gedhe. Mula masyarakat lan para nelayan dijaluk ora aktivitas neng laut.
Dampak cuaca ekstrem iki uga katon ing pasar-pasar. Lapak iwak sing biasane kebak asil tangkepane nelayan dadi sepi. (hyo/sat)
Editor : Satmiko Supraptono