KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Ana-ana wae tumindake calon legislatif (caleg) sing ora kapilih.
Hari Santoso, caleg DPRD Kota Madiun iki, contone. Dheweke mbongkar lapak permanen cacah telu lan paving block.
Infrastruktur kuwi dibangun ing Lapak UMKM Kampir, Kelurahan Kanigoro, Kecamatan Kartoharjo, Kota Madiun.
Infrastruktur kuwi dibangun sadurunge Pemilu Legislatif (Pileg) 2024 kepungkur utawa sadurunge dheweke nyaleg.
Miturut dheweke, infrastruktur kuwi mlebu ing rencana anggaran biaya (RAB) sing diusuLake menyang Pemkot Madiun 2022.
Pembangunane bebarangen karo sarana-prasarana (sarpras) liyane. Kaya wahana permainan anak-anak, kontainer lan gazebo.
Uga wit tabebuya, payung taman lan pavingisasi ing sisih etane lapak. RAB sing digarap pokmas kuwi gedhene Rp 400 juta.
Nanging anggaran sing mudhun saka pemkot mung separone. Saengga Hari mutusi ngragati dhewe kakurangane.
Dheweke ngarep-ngarep ragat sing wis ditokake entuk ganti saka Pemkot Madiun liwat dana kelurahan.
‘’Pambongkaran iki ora ana gandhengane karo jalaran aku gagal kapilih dadi anggota DPRD,’’ kandhane wingi (17/12).
Miturut dheweke, jalarane merga pambayaran saka pemkot durung kawujud sanajan wis mlebu RAB.
Hari nambahi, bongkaran paving lan lapak bakal disumbangake kanggo yayasan pendidikan ing kelurahan kene.
Lurah Kanigoro Angga Wahyu Nurcahyo mesthekake yen infrastruktur sing dibongkar kuwi dudu duweke pemkot.
‘’Kuwi duweke pribadi Hari Santoso. Barange dijupuk jalaran rumangsa ora entuk ganti saka pemkot,’’ jarene.
Sadurunge mbongkar, Hari nate ngajokake ganti menyang pemkot Rp 150 yuta. Nanging pemkot ora ana anggaran.
Miturut dheweke, infrastruktur dibangun dhisik nanging SPJ (surat pertanggungjawaban) keri, saengga nyalahi aturan.
Camat Kartoharjo Sumarno nambahi, nalika infrastruktur kuwi dibangun 2022, Hari Santoso minangka bagean pokmas.
‘’Ora masalah. Pancen kudu dibongkar yen ora ana kasepakatan. Jalaran ing lahan aset duweke pemkot,’’ pungkase. (ggi/her)
Editor : Satmiko Supraptono