Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Sega Rontok Kismantoro Wonogiri, sanajan Sederhana Banget nanging Numani

Satmiko Supraptono • Senin, 30 Desember 2024 | 19:00 WIB
SAMEJANA: Sega Rontok salah siji warung ing Kecamatan Kismantoro, Kabupaten Wonogiri. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
SAMEJANA: Sega Rontok salah siji warung ing Kecamatan Kismantoro, Kabupaten Wonogiri. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

WONOGIRI, Jawa Pos Radar Madiun – Kecamatan Kismantoro, klebu salah siji tlatah Kabupaten Wonogiri, Jawa Tengah.

Tlatah Kecamatan Kismantoro iki duwe wates langsung karo Kabupaten Ponorogo lan Kabupaten Magetan, Jawa Timur.

Ing tlatah Kecamatan Kismantoro iki ana kuliner sing samejana nanging akeh sing nyenengi. Arane sega rontok.

Sego rontok bisa ditemokake ing warung Mbok Tun (Partun) Lingkungan Gadungan, Kelurahan/Kecamatan Kismantoro.

Warung sega rontok iki wis bukak wiwit puluhan taun kepungkur. Persise wiwit taun 1986.

Kawitane dodolan sega pecel. Nanging jalaran wis akeh warung sega pecel, banjur Mbok Tun dodol sega rontok.

Sega rontok iki wujude sega anget sing digrujug sambel kacang (bumbu pecel) lan disawuri gogrogan (rontokan) gorengan.

Gogrogan iki saka glepung kaya sing digunakake nggoreng tempe banjur disajekake ing piring sing dilemeki godhong jati.

Sanajan samejana (sederhana) banget, nanging menu kuliner iki duwe cita rasa sing bisa nggawe ilat jejogetan lan numani.

Rasa pedhes sambel kacang plus kriuk-kriuk gogogran nanging bisa ndandekake warege  sing nikmati.

Apameneh regane uga rega rakyat. Saporsi sega rontok ing warunge Mbok Tun iki mung diregani wiwit Rp 5.000.

Yen isih kurang marem, bisa pesen endhog dadar utawa ceplok. Endhog iki digoreng ndadak yen ana pesenan.

Saengga bisa dipesthekake sega rontok plus endhog goreng iki disajekake nalika isih anget lan dijamin nyamleng.

Saliyane bisa pesen endhog goreng, ing meja uga mesthi disedyakake maneka pilihan lawuh gorengan.

Palanggane sega rontok Mbok Tun ora  mung saka tlatah Kismantoro. Nanging uga kecamatan tangga nganti Kabupaten Ponorogo.

Warung sega rontok iki biyen bukak 24 jam nonstop. Nanging saiki mung bukak wiwit jam 06.00 isuk nganti 01.00 bengi.

Warung sing dikelola Mbok Tun lan kulawargane iki biasane luwih rame ing wayah bengi tinimbang awan. (al/ad/dam)

Editor : Satmiko Supraptono
#magetan #jawa tengah #warung #wonogiri #kuliner #jawa timur #ponorogo