Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Mapag Imlek Umat Konghucu Kota Solo Ngeculake 999 Manuk lan 999 Lele, Ngene Filosofine

Satmiko Supraptono • Senin, 20 Januari 2025 | 19:00 WIB
RITUAL:  Umat Konghucu Klenteng Tien Kok Sie, Kota Solo, nggelar ritual Pao Oen. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
RITUAL: Umat Konghucu Klenteng Tien Kok Sie, Kota Solo, nggelar ritual Pao Oen. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Swasana parayaan Imlek 2025 (2576 Kongzili) ing Kota Solo, Jawa Tengah, tansaya kenthel.

Ora mung ewon lampion sing maesi balai Kota Solo lan sekubenge Klenteng lan Pasar Gede minangka panandha.

Nanging reroncen kagiatan sing ana sesambungane karo parayaan imlek uga wis digelar wiwit pirang-pirang dina kepungkur.

Minggu (19/1) esuk wingi, contone. Umat Konghucu ing Klenteng Tien Kok Sie, Pasar Gede, nggelar ritual Pao Oen.

Ritual iki minangka tulak balak lan reresik jiwa sadurunge mlebu Imlek utawa taun anyar miturut pananggalan Cina.

Miturut Ketua Yayasan Klenteng Tien Kok Sie Sumantri Dana Waluyo, prosesi wis diwiwiti Setu (18/1) bengi.

Yakuwi ngunggahake sesembahan lan Nien Cing bareng. Banjur Minggu esuk diterusake ndedonga.

Reroncen donga kuwi ing antarane  Puja Liem Yen Couw, Puja Phu Men Phin, Fangshen, lan Puja Sang Kung.

Sawis ndedonga diterusake prosesi ngeculake atusan manuk ing ngarep kelenteng lan atusan bibit iwak lelei ing Bengawan Solo.

Kabeh ritual kuwi minangka simbol ngrumat alam lan lingkungan saengga bisa nggawa karma becik kanggo umat Tridharma.

Sumantri nyebutakae ritual kabeh kuwi minangka wujud panebusan dosa lan duwe filosofi penting tumrape manungsa

Ngeculake  manuk lan lele duwe filosofi yen terus diingu kewan-kewan iki ora bakal bisa urip bebas ing alame.

Prosesi iki diarep-arep nggawa karma becik, kususe sing duwe shio kosok baline Ula Kayu taun ngarep.

Sumantri nyebutake ing prosesi taun iki, klenteng ngeculake 999 manuk lan 999 iwak lele. Iki uga minangka sesulih warga kurang mampu.

Jalaran warga sing mampu bisa ngeculake kewan dhewe-dhewe. Cacahe miturut umure dhewe-dhewe ditambah siji.

Prosesi sabanjure siraman banyu kembang minangka simbol reresik jiwa saka maneka kasalahan ing taun sadurunge.

Saliyane kuwi uga ngethok sabagean rambut sing banjur dilarung  minangka simbol pamurnian lan mbuwang apes.

Sasuwene prosesi kabeh reroncen kagiatan lan ritual kuwi, para biksu terus ndonga tanpa mandheg.

Kabeh prosesi iki panandha yen umat Konghucu wis siyap mapag Imlek sing penting miturut kapercayaan lan sosial budayane. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#kelenteng #solo #filosofi #Pao Oen #imlek #ritual #Konghucu #madiun #lampion #pasar gede