SRAGEN, Jawa Pos Radar Madiun – Tengkleng wedhus (kambing) kondhang minangka salah siji kuliner kas Kota Solo, Jawa Tengah.
Saliyane thethelan daging wedhus sing dadi bahan utamane, tengkleng Solo uga dibumboni memper gule kang kebak rempah-rempah.
Kanggo sing anti wedhus lan ora seneng bumbu gule, ora perlu kuwatir. Ing Kabupaten Sragen ana kuliner soto tengkleng sapi.
Warung Mak’e Susi, salah siji warung sing nyedyakake soto tengkleng sapi ing Kabupaten Sragen iki patut ditekani.
Warung soto tengkleng sapi iki ana ing Jalan Solo-Purwodadi, Plosorejo, Desa Pagak, Kecamatan Sumberlawang.
Ing saporsi soto tengkleng iki ana papat nganti limang tengkel daging sapi sing isih nemplek ing balung alias thethelan.
Daginge empuk, yen diangkat langsung ucul saka balung. Ana bagean balung sing uga bisa disedhot sumsume.
Soto tengkleng sapi iki klebu soto kuwah bening. Saliyane kuwi ora ana gajih (lemak) daging sing biasane katon ing duduhe.
Iki jalaran nalika proses ngolah, gajih sing nemplek daging wis dipisahake. Saengga soto tengkleng sapi iki luwih sehat dikonsumsi.
Apameneh regane uga klebu lumrah sanajan daginge pilihan. Kuliner iki racikane Parmi, sing duwe warung iki wiwit 2002.
Kawitane bukak ing Desa Tlogotirto, Kecamatan Sumberlawang. Banjur pindhah ing Jalan Raya Solo-Purwodadi patang taun keri iki.
Soto tengkleng sapi iki nyuguhake cita rasa gurih lan seger. Luwih seger dibandhingake kuliner sing padha ing panggonan liya.
Resep soto tengkleng sapi iki diracik dhewe sing kawitane saka bojone sing pancen seneng tengkleng wedhus.
Dheweke banjur nyoba inovasi soto nanging nganggo thethelan daging sapi. Daginge luwih gedhe lan kudu isih ana balunge.
Bumbone uga ora beda karo soto bening lumrahe. Kaya miri, jahe, brambang, bawang lan liya-liyane.
Racikan bumbon kuwi banjur digongso lan ditus saengga nalika disajekake wis ora ngandhut lenga meneh.
Daginge dipilih saka bagean iga sing ora ana gajihe. Iki sing ndadekake duduh utawa kuwahe bening banget.
Saliyane nyedyakke soto tengkleng sapi, warung iki uga nyedyakake soto babat, soto daging, kare ayam lan gule babat. (*)
Editor : Satmiko Supraptono