SLEMAN, Jawa Pos Radar Madiun – Usaha kuliner uga mbutuhake kreativitas lan inovasi supaya ora malehi.
Contone kaya neng tlatah Jogjakarta iki. Kulit pitik (ayam) sing kerep dianggep sepele bisa diolah dadi menu kuliner istimewa.
Salah siji panggonan kuliner sing nyajekake olahan kulit pitik ing tlatah Jogajkarta yakuwi warung Sega Kulit Pak Sabar.
Warung iki kasil ngolah kulit pitik dadi menu utama sing populer. Kaunikane, kulit pitik digoreng nganti garing lan renyah.
Tekstur kulit pitik sing garing dipadokake karo bumbune sing ngresep ndadekake cira raya kang otentik.
Saben gigitan ndadekake ilat jejogetan. Sensasi renyahe sing gurih ndadekake sapa wae sing ngincipi bakal ketagihan.
Sega Kulit Pak Sabar uga nyajekake sega putih anget pulen karo maneka pilihan lawuh kaya ayam, paru utawa kombinasi.
Samangkuk kuwah kaldu sing gurih tansaya nambahi nyamlenge rasa. Sego Kulit Pak Sabar regane uga klebu lumrah.
Kanthi bujet pas-pasan pangunjung bisa nikmati saporsi sega kulit sing nyamleng lan bakal ndadekake wareg.
Saengga Sega Kulit Pak Sabar dadi pilihan sing cocog kanggo para pecinta kuliner sing bujete pas-pasan.
Apameneh bisa imbuh sega samareme lan nyedyake maneka sambel kanggo pelanggan sing seneng sensasi pedhes.
Warung Sega Kulit Pak Sabar iki manggon ing Jalan Sendok, Manggung, Caturtunggal, Depok, Sleman.
Warung Sego Kulit Pak Sabar iki bukak saben dina wiwit jam 11.00 - 22.00. Saengga cocog kanggo mangan awan nganti bengi. (*)
Editor : Satmiko Supraptono