Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Misteri Gunung Bromo ing Perengane Gunung Lawu Karanganyar, Ana Patilasane Nyai Ageng Serang

Satmiko Supraptono • Selasa, 4 Februari 2025 | 22:00 WIB
OFFROAD: Wanasiwata Gunung Bromo, Kecamatan Gedong, Kabupaten Karanganyar.  (DOKUMEN/RADAR MADURA)
OFFROAD: Wanasiwata Gunung Bromo, Kecamatan Gedong, Kabupaten Karanganyar. (DOKUMEN/RADAR MADURA)

KARANGANYAR, Jawa Pos Radar Madiun – Gunung Bromo jebule ana loro. Ora mung neng Kabupaten Probolinggo, Jawa Timur.

Sijine meneh ana ing tlatah Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah, neng perengane Gunung Lawu.     

Gunung sing wujude alas gung liwang liwung iki minangka salah siji wanawisata sing nyimpen sejarah lan misteri.

Objek wisata alam, persise alas, Gunung Bromo iki ana ing Desa Pelet, Kecamatan Gedong, Kabupaten Karanganyar.

Saka pusat Karanganyar kutha, jarake kira-kira 9,6 kilometer utawa wektu tempuhe kurang saka 20 menit.

Objek wisata iki gampang diakses kanthi dalan mulus lan nyuguhake pamandangan kang asri ing sadawane jalur.

Sanajan padha-padha ing perengane Gunung Lawu,  Gunung Bromo iki nyuguhake pamandangan sing beda.

Kaya ing tlatah Tawangmangu, Kebun Teh Kemuning, Candi Cetho utawa Candi Sukuh sing arupa pagunungan.

Destinasi wisata alam iki nyuguhake swasana alas ing dataran sing luwih endhek (rendah) tinimbang tlatah perengan liyane.

Ing kawasan hutan penelitian iki tuwuh maneka jinis wit-witan, klebu wit-witan  sing langka, kaya wit cendana.

Wanawisata Gunung Bromo uga nyimpen kaistimewaan arupa wit-witan sing ora mung langka nanging uga kas utawa ajaib.

Salah sijine anane wit sing jinise kayadene jati sing tuwuh dikubengi wit-witan ringin kang aran jati kurung.

Saliyane kuwi ing wanawisata Gunung Bromo iki uga ana patilasan Nyai Ageng Serang, senapatine Pangeran Diponegoro.

Konon, patilasan iki minangka panggonan ngungsi ing jaman penjajahan Belanda. Patilasan iki uga kerep ditekani pajiarah.

Kawasan alas Gunung Bromo uga kerep dadi panggonan offroad tumrape para wisatawan sing seneng kagiatan ekstrem.

Kanggo wisatawan sing pingin menyang wanawiata Gunung Bromo iki bisa teka sawayah-wayah jalaran bukak saben dina.

Fasilitase uga wis komplit. Wiwit toilet, musala, loket, papan parkir lan aksebilitas liyane sing wis patut. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#Nyai Ageng Serang #probolinggo #jawa tengah #karanganyar #gunung bromo #jawa timur #madiun #gunung lawu