GUNUNGKIDUL, Jawa Pos Radar Madiun – Ana objek wisata anyar ing Kabupaten Gunungkidul, Daerah Istimewa Jogjakarta (DIJ).
Puluhan pantai Samudera Hindia kang duwe panorama endah wis dadi identitase kabupaten iki. Nanging isih ana saliyane pantai.
Durung suwe iki ana objek wisata anyar utawa dadakan sing viral ing maneka platform media sosial (medsos).
Yakuwi Bundaran Planjan ing ros jalur lingkar selatan (JLS) sing dumadakan dadi objek wisata anyar kuwi.
Infrastruktur sing durung suwe dibangun iki kasil narik wigatine masyarakat lan wisatawan kanggo nekani.
Sanajan mung nongkrong lan swafoto ing trotoar dalan sakubenge bunderan. Kaanan iki tansaya rame ing wayah sore.
Apameneh panggonan ing Desa Planjan, Kecamatan Saptosari, iki minangka jalur menyang pirang-pirang objek wisata pantai.
Saengga akeh masyarakat utawa wisatawan sing mampir mrene sawise utawa sadurunge plesiran ing pantai sing ana Gunungkidul.
Bunderan sing dikubengi dalan kang amba lan alus mulus iki dadi panggonan sing rekomendasi kanggo ngaso.
Miturut dheweke, Bundaran Planjan iki rame wiwit 10 Januari 2025 kepungkur. Saben dina rame, apameneh Sabtu lan Minggu.
Mayoritas pangunjunge para wisatawan sing arep menyang utawa bali saka pantai-pantai ing Gunung Kidul.
Luwih-luwih, bunderan kuwi minangka infrastruktur kapisan sing dibangun ing tlatah Desa Planjan.
Masyarakat kene uga ngarep-ngarep kaanane guwa ing desa iki sing ditutup dibukak meneh supaya bisa narik luwih akeh wisatawan
‘’Guwa durung dibukak wae wis rame. Lumayan bisa ningkatake perekonomian warga kene,’’ Ery mungkasi katerangane.
Minangka informassi, JLS iki nyambung nganti tekan tlatah Kabupaten Wonogiri nganti Kabupaten Pacitan, Jawa Timur, samengetan. (*)
Editor : Satmiko Supraptono