Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Wong Jawa Kudu Weruh! Gugon-Tuhon ing Pakulinan Masyarakat sing Patut Diugemi, Iki Lima Contone

Satmiko Supraptono • Selasa, 11 Februari 2025 | 22:00 WIB

ILUSTRASI: Bocah wadon yen nyapu kudu resik. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Bocah wadon yen nyapu kudu resik. (FREEPIK)

JAWA POS RADAR MADIUN – Ing masyarakat Jawa ana istilah gugon-tuhon. Yakuwi tradisi lisan utawa pitutur sing diugemi masyarakat.

Gugon-tuhon saka tembung gugu (ngandel/percaya) lan tuhu (temen). Saengga yen dijlentrehake tegese samubarang sing dipercaya temenan.

Miturut bausastra Jawa gugon-tuhon tegese pangandel marang samubarang sing dianggep duwe daya kang ngluwihi kodrat sanajan ora nyata.

  1. Aja Wani Karo Wong Tuwa, Mundhak Dadi Jambu Mete

Maknane, dadi anak kudu ngabekti marang wong tuwane. Aja pisan-pisan mbantah pangucape wong tuwa utawa nglawan.

Dadi anak kudu duwe unggah-ungguh lan sopan santun. Dadi jambu mete sejatine mung kanggo ngedeni.

Yen anak duraka marang wong tuwane bakal dadi kayadene jambu mete sing sirahe neng ngisor lan sikile neng ndhuwur.

  1. Yen Nyapu Sing Resik, Mundhak Bojone Brewok

Tegese yen nyapu kudu resik aja nganti nyisakake regetan sanajan mung sithik supaya yen entuk jodho ora brewok.

Gugon tuhon iki ngajarake supaya tansah njaga karesikan. Utamane tumrampe bocah wadon supaya ora duwe bojo brewok.

  1. Yen Mangan Dientekake, Supaya Pitike Ora Mati

Tegese yen mangan kudu tanpa sisa supaya ingon-ingone pitik ora mati. Iki ngajarakake supaya ora mbuwang-mbuwang panganan.

Jalaran isih akeh wong miskin sing keluwen utawa kudu rekasa mung kanggo ngentukake sapulukan sega.

  1. Bocah Wadon Tangine Aja Kedhisikan Pitik, Mundhak Ora Payu

Tegese, bocah wadon sing tangine awan utawa kalah isuk tinimbang tangine pitik bakal kangelen entuk jodho.

Arti sejatine, dadi bocah wadon kudu sregep lan aja keset. Klebu ing babagan turu nganti tangi.

Jalaran bocah wadon bakal dadi ibu sing mesthi ngurusi kulawarga utawa panggawean neng omah.

Yen wiwit cilik wis sregep tangi luwih isuk, mula dewasane bakal bisa nindakake panggawean omah kanthi gampang.

  1. Wong Meteng Aja Ngombe Es, Mundhak Bayine Gedhe

Tegese yen ana ibu ngandhut seneng ngombe es, bayi sing bakal dilairake ukuran bisa luwih gedhe saka lumrahe.

Arti sejatine, ibu kang ngandhut kudu njaga lan milih panganan sing dikonsumsi. Jalaran gizi sing dikonsumsi uga kanggo calon bayine..

Yen ngonsumsi samubarang panganan dikuwatirake bakal gawa dampak kang ala tumrape tuwuhe calon jabang bayi.

Sejatine isih akeh gugon-tuhon sing ana ing masyarakat Jawa. Iki minangka wujud kaarifan lokal sing tegese tumindak nyegah kuwi luwih apik tinimbang nambani. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#gugon tuhon #pamali #masyarakat #jawa #madiun #larangan