BANTUL, Jawa Pos Radar Madiun – Ngabuburit kanggo ngenteni wayah buka pasa Ramadan dadi momen sing spesial.
Utamane kanggo sing pingin metu saka omah utawa golek hawa kanthi nganakake kagiatan outdoor.
Kaya ngabuburit asik sinambi nikmati sunset alias srengenge ndelep. Ing tlatah Yogyakarta ana pirang-pirang spot.
Salah siji spot sunset sing patut ditekani lan bisa ngancani wektu buka pasa Ramadan yakuwi Puncak Sosok.
Puncak Sosok ana ing Dusun Jambon, Desa Bawuran, Kecamatan Pleret, Kabupaten Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY).
Puncak Sosok ora mung nyuguhake sunset nanging uga panorama Kota Yogyakarta saka ndhuwur pagunungan.
Puncak Sosok uga nyedyakake warung kanthi tema angkringan lan warung kopi saengga bisa kanggo buka pasa.
Menu sing disedyakake maneka werna lumrahe angkringan, kaya usus, sosis, bakso, sega kucing lan liya-liyane.
Sawetara menu omben uga akeh pilihane wiwit wedang teh, jeruk, kopi, susu, lan liya liyane.
Rega panganan lan omben uga klebu murah. Saben dina uga ana live music kanggo kanca ngabuburit lan nongkrong.
Fasilitas ing Puncak Sosok iki ana gazebo, kursi lan lesehan, spot foto, pendapa, kafe, warung, musala, toilet, lan liyane.
Kusus ing wulan Ramadan operasional Puncak Sosok bukak wiwit jam 16.00 nganti jam 23.00.
Harg tiket masuk (HTM) Rp 5.000 saben wong, parkir motor Rp 2.000, mobil Rp 5.000, lan minibus Rp 10.000.
Puncak Sosok duwe akeh spot foto sing bisa digunakake para wisatawan. Pamandangan wayah bengi uga endah.
Yakuwi nyuguhake city light utawa lampu-lampu Kota Yogyakarta saka ndhuwur pagunungan. (*)
Editor : Satmiko Supraptono