JOGJAKARTA, Jawa Pos Radar Madiun – Ngabuburit utawa nyore wis dadi tradisi kanggo mapag wayah buka ing wulan Ramadan.
Sanajan tembung iki asale saka basa Sunda nanging wis populer ing masyarakat saindenge Indonesia. Klebu ing Yogyakarta.
Ing Yogyakarta akeh panggonan sing bisa dadi jujugan kanggo spot ngabuburit asik lan nyaman sinambi ngenteni wayah buka.
Ora mung nyuguhake swasane kang endah lan nentremake kanggo nyantai, nanging uga nyedyakake maneka menu kuliner nyamleng
Kapethik saka laman Radar Jogja, iki rekomendasi pirang-pirang spot ngabuburit ing Yogyakarta kang istimewa.
- Kedai Kopi Mataram
Panggonane nyaman kanthi suguhan kopi kas lokal lan panganan entheng-enthengan. Cocog kanggo nyantai bareng kanca sinambi negenteni wayah buka.
- Alun-Alun Kidul
Papan iki pancen punjere jajanan pedagang kaki lima ora mung ing wulan Ramadan. Maneka kuliner tradisional nganti kekinian ana.
Sinambi ngenteni wayah buka, pangunjung uga bisa nyoba tantangan Masangin ing antarane ringin kembar tengah alun-alun.
- Teras Kaca
Kafe instagramable ing Taman Siswa iki nyuguhake pamandangan kang endah kanthi menu cake utawa smoothies sing cocog kanggo takjil.
- Sindu Kusuma Edupark
Papan iki arupa wahana dolanan lan food court ing taman rekreasi. Rekomendasi banget kanggo ngabuburit bareng kulawarga.
- Warung Kopi Sate Klatak Pak Pong
Panggonan iki kondhang kanthi suguhan kuliner sate klatak kas Jogja. Ndadekake buka pasa tansaya sampurna kanthi menu suguhan unik.
- Taman Pelajar
Ruang terbuka hijau (RTH) kang tenang, cocok kanggo ngabuburit santai sinambi nikmati hawa seger karo ngenteni wayah buka.
- Malioboro
Dalan sing ikonik ing Kota Jogjakarata iki kondhang minangka jujugan paling favorit kanggo ngabuburit alias nyore.
Akeh jajanan pedagang kaki lima kanthi swsana kang rame. Saliyane mlaku-mlaku uga bisa nikmati gudeg, angkringan, utawa bakmi Jawa. (*)
Editor : Satmiko Supraptono