KLATEN, Jawa Pos Radar Madiun – Persis seminggu sadurunge Lebaran Tol Solo-Jogja segmen Klaten-Prambanan dibukak.
Pambukaan wiwit jam 07.00, Senen (24/3), wingi sipate isih fungsional kanggo ndhukung kalancaran arus mudik Lebaran 2025 iki.
Direktur Utama PT Jasamarga Jogja Solo Rudy Hardiansyah lan Kapolres Klaten AKBP Nur Cahyo Ari Prasetyo sing mbukak.
Miturut Rudy, ana loro segmen fungsional. Yakuwi Klaten-Prambanan 8,6 kilometer lan Prambanan-Tamanmartani 6,8 kilometer.
Segmen Klaten-Prambanan dibukak 24 jam wutuh sing bisa diliwati kabeh golongan utawa jinis kendaraan.
Pihake ngestimasi puncak arus mudik ing tanggal 27-28 Maret 2025. Volume palig dhuwur kira-kira 17.000 kendaraan saben jam.
Dhasare saka libur Natal lan Tahun Baru (Nataru) wingi. ‘’Lebaran bakal luwih dhuwur,’’ kandhane ditemoni neng Exit Tol Prambanan.
Rudy nambahi, pihake wis koordinasi karo kepolisian lan dinas perhubungan (dishub) kanggo ngantisipasi kapadhetan kendaraan.
Utamane sing metu saka Exit Tol Prambanan. Jalaran dalan nasional Solo-Jogja duwe potensi macet sasuwene arus mudik lan balik Lebaran.
Saengga kaanane dalam arteri iki uga perlu digatekake. Apameneh ora Lebaran wae kendaraan wis cukup padhet.
Kanthi dibukake tol segmen Klaten-Prambanan iki diarep-arep pangguna dalan bisa luwih cepat tekan tujuan kanthi slamet.
Nanging pangguna tol panggah kudu nggunakake tapping (e-tall) kanggo mbayar transaksi ing segmen tol sadurunge Klaten.
Sawetara segmen Prambanan-Tamanmartani mung dibukak minangka jalur alternatif, saengga mung fungsional wayah awan.
Kanggo golongan 1 non-bis, tol Solo-Jogja segmen Prambanan Tamanmartani iki mung dibuka wiwit jam 07.00-17.00.
Nalika arus mudik, tol fungsional Prambanan-Tamanmartani dibukak menyang arah Yogyakarta. Sawetara arus balik dibukak arah Solo.
‘’Kita bukak situasional, gumantug kapadhetan ing Prambanan jalaran kaanane isih tahap konstruksi,’’ jarene Rudy.
Loro segmen tol sing dibukak fungsional kuwi dipesthekake isih gratis alias durung mbayar sasuwene libur Lebaran.
Jalaran wektu iki sejatine segmen Klaten-Prambanan uga isih tumuju ing tahap laik fungsi utawa durung rampung 100 persen.
Sawetara segmen Prambanan-Tamanmartani malah isih ing tahap proses konstruksi utawa isih dibangun. (*)
Editor : Satmiko Supraptono