Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Anti-Stres! Tol Kartasura-Prambanan Dibukak kanthi Fungsional, bisa Ngendhani Kamacetan Dalan Arteri Solo-Jogja

Satmiko Supraptono • Selasa, 25 Maret 2025 | 17:00 WIB
DURUNG RAME: Tol segmen Kartasura-Prambanan operasional kanthi fungsional ing Lebaran iki. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
DURUNG RAME: Tol segmen Kartasura-Prambanan operasional kanthi fungsional ing Lebaran iki. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

KLATEN, Jawa Pos Radar Madiun – Pangguna lalu-lintas ing jalur Solo-Jogja dijamin bakal ora stres meneh jalaran kajebak macet.   

Iki kabar bungah kanggo para pemudik lan pangguna kendaraan pribadi ing libur Lebaran 2025 jalaran bisa ngendhani kamacetan.

Kuwi sawise Tol Solo–Jogja segmen Kartasura-Prambanan resmi dibukak 24 jam wutuh wiwit jam 07.00, Senen (24/3) wingi.

Pambukaan iki sipate isih fungsional kanggo ndhukung kalancaran mangsa libur Lebaran lan uga isih digratisake.

Kapethik saka laman Radar Solo, Direktur Utama PT Jasamarga Jogja Solo (JMJ) Rudy Hardiansyah ngonfirmasi bab iki.

Miturut dheweke, kanthi dibukake segmen Klaten–Prambanan diarep-arep bisa ngudhari kapadhetan lalu lintas Lebaran 2025.

‘’Kartasura-Prambanan mung kira-kira 30 menit kanthi kacepatan 100 kilometer per jam, konstruksine wis siyap,’’ kandhane.

Minangka pambandhing, yen liwat Jalan Raya Solo–Jogja, mbutuhake wektu 1,5 nganti 2 jam jalaran akeh lampu bangjo lan prapatan.

Sejatine, jarake mung 30 kilometer. Nanging yen liwat tol, wektu tempuhe luwih efisien tinimbang liwat dalan arteri.

Sawetara Icha, salah siji pemudik sing ngliwati Tol Solo–Jogja, bungah menehi katerangan sawise nyoba jalan bebas hambatan iki.       

Icha sing mudik saka Jombang, Jawa Timur menyang Yogyakarta, marem kanthi kaanan tol anyar sing wis dioperasekake.

‘’Isih sepi, dalane wis apik lan luwih cepet tinimbang liwat dalan arteri,’’ kandhane nalika ditemoni ing exit tol Prambanan.

Miturut dheweke, perjalanan saka Jombang menyang Prambanan liwat tol mung butuh wektu 3 jam, tinimbang 7 jam jika liwat dalan arteri.

Saengga dheweke bisa ngirit wektu nganti 4 jam lan ora stres ing dalan jalaran kajebak kamacetan ing jalur arteri Solo-Jogja.

Saliyane segmen Klaten–Prambanan, tol fungsional Prambanan–Tamanmartani (Sleman, DIY) uga dibukak kanggo jalur alternatif.

Operasionale mung situasional lan dibukak wiwit jam 07.00–17.00 gumantung volume kendaraan ing exit tol Prambanan.

Kanthi dibukake jalur iki, akses tumuju Kalasan lan tlatah Sleman dadi luwih lancar lan luwih cepet. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#macet #lalu lintas #solo #tol #Kartasura #prambanan #jogja #lebaran #klaten #madiun