KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Warga Madiun Raya kudu weruh yen biyen ana jalur kereta api (KA) Madiun-Ponorogo.
Jalur KA sing saiki wis ora fungsi iki klebu salah siji jalur tua sing ana ing Indonesia lan duwe sejarah kang dawa.
Kapethik saka pirang-pirang sumber, jalur utawa rel iki dibangun lan diresmekake Pemerintah Hindia Belanda luwih saabad kepungkur.
Dawane kira-kira 60 kilometer. Nalika kuwi KA dadi salah siji sarana transportasi penting kanggo masyarakat Ponorogo lan sakubenge.
Utamane ing babagan ngangkut asil bumi, kaya pari, gula, lan tembakau. Uga asil pertanian liyane lan raja kaya.
Iki telu fakta sing ana sesambungane karo jalur KA Madiun-Ponorogo sing diresmekake ing taun 1907 kuwi.
- Jaman Hindia Belanda
Jalur utawa rel KA Madiun-Ponorogo iki dibangun Staatsspoorwegen (SS), salah siji perusahaan KA duweke Pemerintah Hindia Belanda.
Pembangunan jalur iki dileksanake sithik-sithik, wiwit saka Kota Madiun, banjur diterusake nganti Kabupaten Ponorogo.
Nalika mangsa jaya-jayane, jalur iki penting banget tumrape perekonomian ing tltah Madiun, Ponorogo lan sakubenge.
- Kereta Api Wiwit Nyisih
Sawise Indonesia merdeka, popularitas jalur iki wiwit mudhun kairing ngembange transportasi darat liyane uga anane jalan raya.
Pungkasane, operasional jalur iki resmi diendhek ing taun 1984 jalaran penumpange sepi lan karugian sansaya gedhe.
Saiki, akeh rel sing ora ana meneh, lan akeh tilas stasiun sing wis ora karumat utawa ngalih fungsi.
- Bagean Penting saka Sejarah
Jalur KA Madiun-Ponorogo iki tetep dieling-eling minangka salah siji bagean penting saka sejarah transportasi ing tlatah kene.
Uga ana angen-angen nguripake meneh jalur iki minangka nglestarekake sejarah lan pariwisata ing tlatah Madiun lan Ponorogo.
Masyarakat lokal lan pecinta sejarah kereta api ngarep-arep jalur iki bisa dadi ikon sejarah sing bisa dinikmati meneh.
Jalur Madiun-Ponorogo minangka seksi bisu KA nate dadi sarana transportasi lan ekonomi ing tlatah kene. (naz)
Editor : Satmiko Supraptono