Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | DBD Nyerang, Kesuwen Ngenteni Dinkes, Warga Ponorogo Nganakake Fogging Mandiri

Satmiko Supraptono • Jumat, 29 Maret 2024 | 18:00 WIB
CEGAH DBD: Warga Desa Jetis, Ponorogo, nganakake fogging mandiri. (ISTIMEWA)
CEGAH DBD: Warga Desa Jetis, Ponorogo, nganakake fogging mandiri. (ISTIMEWA)

PONOROGO, Jawa Pos Radar Madiun – Serangan demam berdarah dengue (DBD) neng Kabupaten Ponorogo nggawe masyarakat ora jenjem.

Contone, ing Desa/Kecamatan Jetis. Warga kono pilih urunan nganakake  fogging kanggo lingkungan desa lan ditindakake mandiri. 

Supriadi, salah siji warga, kandha yen warga wedi serangan jingklong aedes aegypti iki merga saben taun, wiwit bocah nganti dewasa, ana wae sing dirujuk menyang rumah sakit.

Apameneh, ing mangsa rendheng iki wis ana bocah telu umur sangisore 13 taun sing didiagnosis kena DBD. ‘’Yen ora ndang ditangani, wedi saya akeh sing lara,’’ jarene. 

Sejatine serangan DBD sing saya ndadi iki wis diantisipasi warga kono sadurunge. Warga gotong royong ngresiki kebon lan tetanduran sakubenge permukiman nganti saluran banyu.

Sayange, upaya iki durung efektif ngendek serangan jingklong. ‘’Akire ana ide urunan, fogging ditindakake mandiri pihak desa,’’ sembunge. 

Kepala Desa Jetis M Khoiri nambahi alat fogging sing cacahe telu digunakake kabeh kanggo ngasapi desane rong ndina keri iki.

Upaya iki kanggo efisiensi wektu, tinimbang kesuwen ngajokake permohonan fogging menyang Dinas Kesehatan (Dinkes) Kabupaten Ponorogo.

‘’Sing lara pancen wis waras, nanging tetap di-fogging kanggo antisipasi mbokmenawa isih ana jingklong demam berdarah,’’ jarene. 

Khoiri uga nyebutake menawa desa-desa liya uga wis nganakake fogging pirang-pirang wektu kepungkur.

Dheweke kuwatir jingklong ngalih neng desane. Mula dianakake swadaya (urunan) saiklase kanggo nyegah DBD.

‘’Kita duwe alat fogging dhewe siji. Sing loro liyane nyilih tangga desa,’’ Khoiri mungkasi katrangane. (gen/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#demam berdarah dengue #fogging #dbd #ponorogo