Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Sasi Sura Komunitas Pecintut Kota Madiun Ngleksanakake Jamasan Kutut, Iki Tujuane

Erlita H • Selasa, 9 Juli 2024 | 20:00 WIB
TRADISI ANYAR: Komunitas Pecintut Kota Madiun nindakake ritual jamasan kutut wingi (8/7). (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)
TRADISI ANYAR: Komunitas Pecintut Kota Madiun nindakake ritual jamasan kutut wingi (8/7). (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Masyarakat Jawa sugih tradisi lan budaya, klebu ing Kota Madiun.

Apameneh ing sasi Sura kaya saiki, maneka warna ritual tradisi lan budaya ditindakake sabagean masyarakat Jawa.

Jamasan pusaka, arupa keris, tumbak lan wujud gaman tosan aji liyane, kuwi wis lumrah dianakake.

Neng omahe Slamet Hariyadi, Jalan Makam Tentara, Kelurahan/Kecamatan Taman, ana sing beda wingi (8/7).  

Dudu pusaka tosan aji sing dijamas, nanging manuk kutut. Ritual iki dileksanakake bebarengan para anggota komunitas.  

Manuk kutut ingon-ingon sing ditokae saka njero kurungan banjur dijamasi utawa didusi sing duwe dhewe-dhewe.

Prosesi jamasan iki nganggo kembang seteman, utamane kenanga lan mawar sing dicemplungake banyu neng baskom.

Kutut-kutut katuranggan kuwi sadurunge diruwat. Uga ana 30 manuk kutu diculake Komunitas Pecintut (Pecinta Perkutut) Kota Madiun.

Miturut Slamet, jamasan kutut ing sasi Sura iki minangka njaga kasakralan lan nglestarekake manuk kutut.

Puluhan manuk kutut sing diculake tujuane supaya bisa urip neng alam bebas lan ora punah.

Jamasan kutut iki, sambunge, pancen lagi kapisan digelar Komunitas Pecintut Kota Madiun.

Tujuane, kanggo nyawijekake jiwa para sing duwe karo manuk kutut ingon-ingone dhewe-dhewe.

‘’Mangarep bakal dianakake rutin saben taun ing sasi Sura,’’ Slamet mungkasi katerangane. (mg1/her)

Editor : Satmiko Supraptono
#jamasan #tradisi #sura #budaya #jawa #madiun #Kutut