KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Acara puncak Suroan lan Suran Agung neng Kota Madiun wis rampung.
Nanging, pulisi isih duwe pirang-pirang cathetan saka tradisi ing perguruan pencak silat iki.
Utamane babagan sing duwe potensi bisa mancing gangguan keamanan dan ketertiban masyarakat (kamtibmas).
‘’Suroan lan Suran Agung isih perlu dievaluasi,’’ kandhane Kapolres Madiun Kota AKBP Agus Dwi Suryanto wingi (22/7).
Saka Operasi Aman Sura (OAS), 24 Juni - 21 Juli, isih ditemokae kadadean sing duwe potensi gangguan kamtibmas.
Contone, kendaraan bak terbuka kanggo ngemot massa lan konsumsi minuman beralkohol uga knalpot brong.
Miturut Agus, rong babagan iki, bakal dadi pekerjaan rumah (PR) bareng-bareng kabeh pihak sing ana sesambungane.
Klebu para anggota perguruan pencak silat. Yen loro babagan iki bisa diilangake, stigma negatif Suroan-Suran Agung uga bakal ilang.
Imbauan supaya ngendhani kagiatan sing bisa mancing kisruh uga wis dikandhakake marang masyarakat.
Pengurus organisasi perguruan pencak silat uga sepakat taat maklumat kanggo pedoman palaksanaan Suroan-Suran Agung.
Saengga, evaluasi mangarep kanggo luwih naati aturan supaya bisa mlaku samesthine tanpa babagan sing negatip.
Agus pingin kabeh elemen masyarakat bareng-bareng njaga Suroan-Suran Agung minangka kaarifan lokal.
Dheweke nyebutake, 15 perguruan pencak silat neng Kota Madiun kudu padha-padha ngurmati siji lan sijine.
‘’Sanajan beda klambi (perguruan), kita kabeh sedulur,’’ Agus mungkasi katerangane. (gg1/den)
Editor : Satmiko Supraptono