Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Nggeget Driji! Petani Tomat ing Kabupaten Madiun Gagal Panen Pas Rega Lagi Dhuwur-dhuwure

Satmiko Supraptono • Jumat, 15 November 2024 | 19:30 WIB
SUSAH: Tanduran tomat ing Desa/Kecamatan Kebonsari, Kabupaten Madiun, rusak ora bisa dipanen. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
SUSAH: Tanduran tomat ing Desa/Kecamatan Kebonsari, Kabupaten Madiun, rusak ora bisa dipanen. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

KAB. MADIUNJawa Pos Radar Madiun – Nelangsane petani ing tlatah Kabupaten Madiun durung rampung-rampung.

Kususe petani tomat ing tlatah Desa/Kecamatan Kebonsari. Gegarane dampak cuaca ekstrem keri-keri iki.  

Sadurunge iki, rega tomat uga anjlok nganti para petani wegah manen jalaran ora nyucuk karo opahe buruh pethik.

Sawise regane mundhak luwih apik keri-keri iki, para petani malah kudu nggeget driji jalaran tandurane rusak.

‘’Udan deres kanthi intensitas tinggi ndadekake wohe tomat rusak,’’ kandhane Jaenuri, petani kene, wingi (12/11).

Miturut dheweke, gegara curah hujan tinggi ndadekake woh tomat pecah lan gampang bosok sanajan isih neng wit.

Saliyane kuwi, uga ndadekake tuwuhe tandurtan tomat ora normal. Utamane godhonge dadi kriting.

Saliyane kakehan banyu merga kagrujug udan deres, uga rawan kaserang jamur utawa fusarium.

Dampake tanduran dadi rusak saengga ora bisa dipanen. Malah, tanduran diumbar mati lan ora dirumat.

Petani kapeksa milih nindakake iki jalaran kuwatir nambahi ragat. ‘’Sadurunge udan apik, uga wis panen lan wohe gedhe-gede,’’ jarene.

Kaanan sing dialami petani tomat wektu iki kosok balen karo  rega komoditas sayur mayur kuwi sing pas apik.

Wektu iki rega tomat lagi dhuwur-dhuwure, saka petani  isih diregani Rp 8.000 nganti Rp 10.000 per kilogram.

Nanging, Jaenuri lan petani liyane kapeksa nggeget driji jalaran tanduran tomate gagal panen lan ora payu didol.

‘’Nalika isih normal, bisa panen nganti telung kintal. Wektu iki maksimal 20 kilogram wis apik,’’ sambate Jaenuri. (ryu/aan)

Editor : Satmiko Supraptono
#rusak #tomat #cuaca ekstrem #kabupaten #madiun #petani #gagal panen