KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Wong wadon asal Madura nglairake neng njero bis jurusan Jogjakarta-Bangkalan, Minggu (24/3) bengi.
Kadadean iki kawitane nalika Fadilah, 22 taun, karo bojo lan anak mbarepe, asrep bali (mudik) menyang Madura saka Jogjakarta.
Fadilah pancen lagi ngandhut tuwa lan rencanane pengin nglairake bayine neng kampung halamane.
Nanging, nalika bis sing ditunggangi teka tlatah Solo, Jawa Tengah, Fadilah, ngrasakake kontraksi. Mlebu tlatah Madiun, saya kuwat.
Kru bus sanalika metu saka tol Solo-Madiun golek fasilitas kesehatan sing paling cedhak saperlu njaluk pitulungan.
Untunge ana Public Safety Center (PSC) 119 Kabupaten Madiun ing Jalan Raya Madiun-Surabaya, Nglames.
‘’Kondektur bis menehi informasi yen penumpange nglairake neng njero bis,’’ kandhane Elvira Indiana, petugas PSC 119 Kabupaten Madiun, wingi (25/3).
Miturut Elvira, jabang bayi wis lair neng njero bis nalika tekan exit tol Dumpil, Kabupaten Madiun. Saengga petugas PSC kari ngetokake ari-ari lan medhot tali pusere.
Nanging ana kendhala merga ruang gerak minim jalaran jarak kursi penumpang bis ciut.
Saliyane kuwi, akeh penumpang melu ngrubung lan ana sing njupuk gambar utawa ngrekam video sasuwene proses penanganan.
‘’Kondisi bayi wadon sehat, ibune uga sehat, pendarahan normal lan kontraksine apik,’’ sembunge.
Akirnya bayi lan ibune dirujuk menyang RSUD dr Soedono Kota Madiun kanggo penanganan sing luwih komplit.
Sawise observasi, Fadilah lan bayine dipapak pihak kulawarga lan digawa mulih menyang Madura. (ryu/aan)
Editor : Satmiko Supraptono