KARANGANYAR, Jawa Pos Radar Madiun – Sapa sing durung weruh Dusun Nglurah, ing Desa/Kecamatan Tawangmangu?
Salah siji dusun ing Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah, iki kondhang minangka Kampung Wisata Sewu Kembang.
Jebule, ing dusun iki uga ana objek wisata budaya situs arkeologis. Yakuwi Situs Menggung utawa Candi Menggung.
Situs iki ana sandhuwure bukit kanthi elevasi 1.003 mdpl sing dituwuhi wit-witan gedhe kang ngrembuyung.
Ing panggonan tinggalane arkeologis Hindu iki isih akeh ditemokake reca. Ing antarane reca Durga Mahisasuramardhini.
Miturut data BPCB Jawa Tengah taun 1989, Situs Menggung duwe limang plataran teras, nanging saiki watese wis ora cetha.
Ana sanga reca sing ditemokake neng panggonan situs iki. Nem ing antarane arupa reca Dwarapala.
Reca Dwarapala cacah papat ana ing teras kasiji lan neng teras katelu ana reca Dwarapala cacah loro.
Sawetara reca loro liyane ana ing pusat Situs Menggung sing dikubengi tembok wujude pesagi dawa.
Reca siji minangka wewujudane Kyai Menggung lan siji liyane reca Durga Mahisasuramardhini wewujudane Nyi Rasa Putih.
Ana siji meneh yakuwi reca Bhima tanpa sirah sing ana ing antarane oyot-oyotan wit ing situs kene.
Ing Situs Menggung iki uga ditemokake Yoni sisih mburi punjere situs. Iki nuduhake indikasi anane pamujaan Siwa.
Tembung “Menggung” dijupuk saka jenenge Mbah Menggung. Yakuwi, Narotama, pandhereke (tumenggunge) Raja Airlangga.
Dipercaya yen Airlangga mlayu menyang Wonogiri lan ngedegake panggonan ngaso ing Dusun Nglurah iki.
Sawise pirang-pirang wektu, Airlangga mutusake bali menyang Kediri karo para pendherek liyane.
Sawetara Narotama lan prajurite milih netep urip neng Nglurah. Mbah Menggung disambungake karo keturunan tumenggung.
Nganti saiki Situs Menggung sisih dikeramatake masyarakat kene sing ajek nggelar upacara tradisi Dukutan.
Dukutan dileksanakake saben Selasa Kliwon wuku Dukut utawa saben pitung sasi sepisan. (nik)
Editor : Satmiko Supraptono