Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Rekomendasi Masjid kang Duwe Sejarah ing Indonesia lan Patut Dadi Jujugan Wisata Religi Ramadan

Satmiko Supraptono • Selasa, 11 Maret 2025 | 19:00 WIB

SEJARAH: Masjid Sultan Surianyah, Kalimantan Selatan. (KEMENPAR)
SEJARAH: Masjid Sultan Surianyah, Kalimantan Selatan. (KEMENPAR)

JAWA POS RADAR MADIUN – Wulan suci Ramadan kang kebak berkah cocog diisi maneka kagiatan kang migunani.

Ing antarane kanggo nambah ilmu agama. Salah sijine sejarah Islam liwat wisata religi ing masjid-masjid tuwa utawa kuna.    

Ora mung arsitekture kang nggambarake budaya Nusantara nanging uga sejarah dawa panyebaran agama Islam ing sakubenge.   

Kapethik saka laman resmi Kementerian Pariwisata, iki rekomendasi masjid ing Indonesia sing patut dadi wisata religi Ramadan.

  1. Masjid Agung Demak, Jawa Tengah

Masjid iki dibangun Raden Patah minangka  pemimpin utama Kesultanan Demak ing abad ka-15.

Miturut sejarahe, Masjid Agung Demak kanggo papan kumpul para Wali Sanga nalika nyebarake Islam ing Nusantara, kususe Jawa.

Masjid iki duwe arsitektur kas Jawa kanthi wuwung limasan susun telu. Cocog kanggo nlusuri jejak sejarah Islam ing Jawa.

Ing Ramadan, masjid iki dadi tujuan wisata religi umat Islam sing pingin ngrasakake swasane spiritual saka tinggalan sejarah Islam Nusantara.

  1. Masjid Sultan Suriansyah, Kalimantan Selatan

Masjid Sultan Suriansyah sing uga karan Masjid Kuin iki minangka masjid paling tuwa ing Kalimantan Selatan.

Sejarah pembangunane ora bisa uwal saka Sultan Suriansyah, sultan kasiji Kesultanan Banjar (1526-1550 M) wiwit jaman Islam. 

Kanthi arsitektur konstruksi khas omah panggung, bahan dhasare kayu ulin lan wuwuwange tumpang telu.

Kanthi hiasan mustaka ing bagean wuwunge, saengga masjid iki duwe daya tarik kusus kanggo para wisatawan.

Sasuwene Ramadan, akeh pajiarah sing teka mrene kanggo ngibadah uga nikmati swasana kas Kalimantan Selatan.

  1. Masjid Menara Kudus, Jawa Tengah

Masjid iki dibangun Sunan Kudus taun 1549 Masehi. Arsitekture duwe ciri kas unik jalaran nyawijekake unsur Islam lan budaya Hindu-Jawa.

Wujud menarane sing kaya candhi ndadekake masjid iki ikonik banget minangka gambaran akulturasi budaya panyebaran Islam ing Nusantara. 

Ing Ramadan, masjid iki rame ditekani pajiarah sing ingin ngibadah lan sinau sejarah lelakune dakwah Sunan Kudus.

  1. Masjid Raya Baiturrahman, Aceh

Masjid iki dibangun Sultan Iskandar Muda ing taun 1612 Masehi minangka simbol kakuwatan Islam ing Aceh.

Masjid iki uga kondhang jalaran panggah ngadeg jejeg nalika Aceh kena bencana tsunami ing taun 2004 kepungkur.

Kaendahan arsitektur masjid iki kanthi kubah-kubah irenge dadi daya tarik kusus kanggo para wisatawan.

Ing Ramadan, masjid iki tansaya makmur kanthi  maneka kagiatan ibadah, buka pasa lan iktikaf umat Islam saka pirang-pirang daerah.

  1. Masjid Istiqlal, Jakarta

Masjid Istiqlal dibangun minangka simbol kamardikan Indonesia sing diresmekake Presiden Soeharto 22 Februari 1978.

Arsiteke Frederich Silaban sengaja ngrancang masjid iki kanthi gaya modern kang megah lan dadi masjid paling gedhe ing Asia Tenggara,

Masjid Istiqlal dadi pusat parayaan kaagamaan nasional, klebu Salat Tarawih lan papan iktikaf sasuwene Ramadan.

Kaunikan liyane, lokasine sesandhingan karo Gereja Katedral Jakarta kang nggambarake toleransi antarumat agama ing Indonesia. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#istiqlal #sejarah #ramadan #wisata religi #masjid #madiun #masjid raya #Suriansyah #menara kudus #demak #Agama #islam